B. Daerah

Pertanyaan

Apa wae ubarampe kang dibutuhna kanggo adicara temu manten

1 Jawaban

  • 1. Sanggan
    Kadosan saking pisang raja setangkep ingkang sae dipun rias ngagem dluwang emas dipun tatakaken wonten ing baki utawa tampah.
    2. Bombongan
    Kedadean saking pitik jago ingkang karan mempeng (wani karo babon), langkung sae menawi sanes jago ingkang kawon tarung.
    3. Mas Kawin
    Minangka sarat srahan wajib kagem titi wekdal ijab qobul. LamunĀ 
    mampu dipun kantheni srikawin ( penganggen mas-masan ).
    4. Arta Pituken / Pitukon
    Minangka sarana jangkepipun nyekapi kabutuhan pihak calon manten putri.
    5. Ageman Temanten Putri sak Dedeg pengadekĀ 
    6. Pesing
    Jarik pisungsung kagem eyangipun calon manten putri menawi taksih sugeng.
    7. Piranti Paes
    Kangge jangkep riyas utawa paes calon temanten putri anggenipun ngudi sarira lan ngudi busana.
    8. Angsul-angsul
    Werninipun wohwohan, ugi jajan panganan (lemper,jadah,yangko,tawonan,lsp).
    9. Plangkah
    Sarat menika khusus menawi calon putri anggenipun krama langkung rumiyin tinimbang mbakyu nipun.

Pertanyaan Lainnya