B. Daerah

Pertanyaan

ing tata cara manton lumrahe krobonganiku katindakake

1 Jawaban

  • 1) Timbangan
    Lampah : Temanten kakung lenggah ing pangkoning bapake temanten putri, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa. Wondene ibune temanten putri lenggah ing sangarepe. Sabanjure rama-ibu temanten putri wawan pangandikan.
    Ibu : “Bapakne, kepriye mungguh bobote anakmu sakloron, apa wis timbang?”
    Bapak : “Ibune, miturut pangrasaku kaya wis ora ana kaceke, tegese padha abote.”
    Pasemon : mujudake pepeling marang wong tuwane panganten, supaya ora kadunungan rasa emban cindhe emban siladan; ora mbedak-mbedakake antarane anake dhewe karo anak mantu, lelorone direngkuh dadi anake dhewe.
    2) Kacar-Kucur
    Lampah : temanten kakung nyuntakake isining kampil arupa dhuwit receh/krincing dicampuri beras marang pangkoning temanten putrid kang kawadhahan tilam lampus (klasa bangka).
    Pasemon : mujudake gegambaran jejering kakung (temanten kakung) duwe kuwajiban aweh asil guna-kayane marang garwa (bojone). Dene sing wadon kudu bisa gemi, setiti, nastiti lan ngati-ati ngrumat lan nanjakne guna-kayane sing kakung (bojone).
    3) Dulangan
    Lampah : temanten kakung-putri padha ngasta piring isi sega kuning, banjur dulang-dinulang. Sega mau diarani sega punar.
    Pasemon : mujudake kekudangan, murih temanten kakung-putri tetepa manunggal ing lair batine, jumbuh gegayuhane.
    4) Ngunjuk Rujak Degan
    Lampah : temanten kakung-putri ngunjuk rujak degan. Kawiwitan saka temanten kakung, banjur temanten putri. Degan sing digawe rujak, milih sing lagi uwoh sapisanan.

Pertanyaan Lainnya